Dolan
Menyang Bali
Ing preinan sawise ulangan sekolah aku nduwe rencana karo
masku arep dolan menyang Bali, rencanaku dolan menyang Bali aku mung cah loro
tok karo masku. Aku menyang Bali karo masku arep dolan gone mbahku. Dino kamis
aku rundingan karo masku.
Aku : “Mas pye sido kapan iki budal
nyang Baline?”
Masku : “La kapan enake? Sembarang manut aku”
Aku : “La lek minggu pye mas?”
Masku : “Yowes oke minggu yoo..”
Aku : “Iyo minggu ae, la terus numpak
opo mas ronone?”
Masku : “Numpak bis ae enak”
Aku : “Yowes ayo, la kapan tuku tiket e
mas?”
Masku : “Ayo saiki ae yoo, ben gak ndadak”
Aku : “Yowes ayo ndang budal”
Dino kamis iki aku karo
masku budal tuku tiket, sawise teko panggone seng bakul aku karo masku langsung
tuku, untunge tiket e jek enek terus sawise entok aku langsung balik nyang
omah.
Sawise dino minggu aku karo masku budal menyang panggon bis
e, kabeh seng arep menyang Bali ngumpul disek sawise wes lengkap langsung budal
menyang Bali. Budalku menyang Bali kui pas awan bar dhuhur. Aku menyang Bali
kui numpak bis Gunung Harta, bis seng tak tumpaki kui nyaman tenan amergo bis e
resik, enek AC ne, enek TV ne lan
penumpange dikek i jajan kotak an. Nek njero bis aku gak iso turu belas dene
masku nek njero bis mung tura turu ae. Barngunu masku tak gugah tak jak
omong-omongan aku ben ndue konco omong-omongan ben aku gak meneng ae.
Aku : “ Mas mas…Melek o to ojo tura turu
ae”
Masku : “ Heeemm…Nyapo to emang e?”
Aku : “ Yo ngancani aku omong-omongan
too, aku gaiso turu loo”
Masku : “ Wegah ngantok pol aku, aku tak turu
ae yoo, awmu mangan-mangan o jajan
kono ngko lek wareg lek ngantok dewe awakmu”
Aku : “ Oalaah…yawes lek ngunu turu o
maneh ae mas, aku tak ngentekne jajan ae”
Masku : “ Iyoo tak turu aku, entekno kabeh
gaopo jajane”
Aku : “ Iyyo Okey”
Barngunu aku mangani
jajan seng dikeki teko Bis, jajane tak entekne kabeh, barngunu aku lakok
kuwareken terus aku tak gae turu, lateros lakok aku keturon ngantek bengi. Bengi-bengi
aku lakok digugah masku.
Masku : “ Vik vik…ndang tangi sek cepet”
Aku : “ Nyapo mas kok nggugah aku padal
jek gong teko loo?”
Masku : “ Iki wayahe mangan bengi, awakmu
mangan opo ora?”
Aku : “ Loh mangan to iki..yo ayo budal
lek mangan ae, aku yo wes luwe
pol iki”
Masku : “ Yowes ayo ndang cepet selak mari
kabeh wonge lek mangan”
Aku : “ Okey ayoo”
Barngunu aku karo masku
langsung medok Bis, langsung njikok mangan, sakwise manganku wes mari aku karo
masku langsong munggah menyang Bis, wonge wes mlebu kabeh terus dilanjutne
budal menyang Bali, nek perjalanan iki aku turu terus. Gak kroso lakok wes teko
Bali, terus aku karo Bis e diterne menyang Omahe mbahku. Sawise teko omahe
mbahku aku langsung turu sek terus barngunu aku karo masku langsung dolan
muter-muter Bali. Aku nek Bali mung seminggu tok, sakwise wes Seminggu aku karo
Masku balek menyang Kediri.